Jowo Sak entuk e
Sempat, vakum pirang-pirang dina. Sebab penulis-ipun enten perkawis sing kudu di-estok-ke, enggih meniko istirahat. Wkwkwk. Ndasku loro cik, koyok dipepetke neng gedhebeg terus diantem sak kayang-kayange. Diyeng, diyeng. Saiki eneng kesempatan kanggo nge-blog, masio rodo buyer neng ndas.
Jogo kesehatanmu yo mas-mas, mbak-mbak, sehat kui larang. Yakin, nek mung loro ati ora opo-opo, wkwkwk, tapi nek loro untu, demam, loro ndas, wah, arep ngopo-ngopo ki rasane kok ora penak, arep mangan tapi rasane tawar, karo dokter dikon ngombe wedang anget putih, nyatane ra biasa. Obat e gedhe-gedhe, paite ra jamak-jamak selak diombe keselek neng ghulu. Wis jan.
Tapi yo ngunu, kesehatanmu dieman-eman, digunakke neng dalan sing saeh, nek sing moho noso kerso nyabut nikmat rasa, rasane wedhang kopi, rasane nasi soto, ndok, wah, ra iso ngopo-ngopo tenan. Ombenane mung sirup karo pil seng gedhene ora jamak-jamak. Eneng bener e pitutur e ulama, awakmu ora bakal ngerasakke nikmate sehat, kecuali loro.
Ngunu yo, sakwise, sepurane nek neng tulisan iki akeh cacate, aku yo tau sitik boso jawi, siang rinten-e ngangghu boso meduro, adat-e Jowo-Meduro.
Komentar (0)
Posting Komentar
Cancel